RUKUN, WAJIB, SAH, BATAL DAN SESUATU YANG MENGHILANGKAN PAHALANYA PUASA
Utawi syarat wajibe puasa iku 5 perkoro :
1. Kudu Islam
2. Kudu Aqil Baligh
3. Kudu Kuat Ing Puasa
4. Kudu Waras
5. Kudu Wong Mukim
Utawi Syarat Sah'e puasa iku 4 perkoro :
1. Kudu Islam
2. Kudu Ana Ngakale
3. Kudu Suci Adoh Saking Haid Lan Suci Saking Nifas
4. Kudu Weruh Ing Anane Dina Iku Trima Den Puasani
Utawi Rukune Puasa Iku 3 Perkoro :
1. Niat Saben-saben wengi antarane surupe srengenge lan metune fajar sidiq
2. Kudu ngrekso maring sekabehane perkoro kang mbatalaken puasa
3. Iku wong kang puasa
Utawi Batale Puasa Iku 10 Perkoro :
1. Mangan atawa ngumbe
2. Manjingaken sewiji-wiji maring bolongan kang mengo ing dalem asale
3. manjingaken tamba terus maring batine
4. Maha-maha muntah
5. Maha-maha njima'
6. Metu mani kang den maha-maha
7. Iku haid
8. Iku Nifas
9. Iku edan
10. iku murtad
Utawi Perkoro Kang Ngilangaken Ganjarane Puasa Iku 5 Perkoro :
1. Ngrasani alane wong liya
2. Ngomong goroh
3. Dadi seksi goroh
4. Adu-adu
5. Supata goroh
No comments:
Post a Comment